UPACARA HARI GURU NASIONAL 2026

Rebo, 25 November 2026

Esuk-esuk lapangan sekolah wis mulai rame. Bocah-bocah padha kumpul, baris sak karepe… eh, maksudku sak kudune. Bapak Ibu Guru mulai nata barisan. Ana sing wis siap, ana sing isih golek koncone. Maklum, nek durung bareng geng-e, rasane kaya ana sing kurang.

Sakwise kabeh baris, para petugas upacara mulai persiapan. Komandan upacara mlebu lapangan kanthi gagah. Ora kalah gagah, pemimpin upacara uga mlebu. Wah, saiki wis katon resmi. Sing mau isih guyon, langsung pasang rai serius.

Pengibaran Sang Merah Putih diwiwiti. Kabeh padha hormat, lagu Indonesia Raya kumandang. Suasana sing mau rame, dumadakan dadi khidmat.

Sabanjure maca teks Pancasila lan UUD 1945. Dilanjutake amanat Pembina Upacara. Iki wayahe kudu ngrungokake tenanan. Ojo mung manthuk-manthuk, nanging pikirane malah mikir, “Sesuk prei apa ora?”

Banjur diterusake maca donga. Muga-muga Bapak Ibu Guru tansah sehat, dawa umur, sabar, lan tetep semangat mulang murid-murid sing tingkah polahe warna-warni.

Ora krasa, upacara wis rampung. Komandan bali menyang panggonane, pasukan dibubarake. Barisan bubar, nanging kenangane tetep nyawiji.

Sugeng Hari Guru Nasional 2026!

Matur nuwun Bapak Ibu Guru. Wis sabar mulang, sabar ngelingake, lan sabar ngadhepi murid sing luwih angel diatur tinimbang barisan upacara.

Guru hebat, murid semangat, sekolah tambah bermartabat. Salam hormat kanggo kabeh guruku!